cerita b.jawa krama alus #tidak searching
B. Daerah
masmad
Pertanyaan
cerita b.jawa krama alus
#tidak searching
#tidak searching
1 Jawaban
-
1. Jawaban TatumCahya
Wis dadi pegaweyanku saben dinane wiwit kelas 7 SMP, sapungkure Bapak lan Ibu pisahan, saben mulih sekolah aku mbantu Ibu golek dhuwit kanggo biaya sekolah kanthi cara narik becak kang mangkal ing sangarepe Pasar Gedhe Cilacap.
Sawijining dina ing wayah sore ora dinyana aku ketekan turis loro lanang lan wadon. Mesthi wae atiku bungah banget, nangin bingungku "mengko aku ora bisa ngucap nganggo Basa Inggris ora ya? " O... iya arep dak coba kemampuanku, jalaran bijiku Bahasa Inggris ing raport rada apik yaiku 80. Senajan yen ngomong isih pating pechotot.
"Good morning sir, where are you going? Can I help you? Let's go together with me by becak, OK? " mangkono anggonku ngomong karo turis lanang. " Yes, go to Hotel Mutiara, ok" Rada suwe anggonku nglaju becak, wusanane tekan sing dituju yaiku Hotel Mutiara. Turis lanang pitakon "How much I must to pay? " Kanthi gugup aku njawab " One hundred " Krungu jawabanku turis loro malah ngguyu. Turis wadon ngrogoh sak masrahake dhuwit satus rupiah, "Lhadalah..... kok mung satus perak ? " Aku kaget lan ndomblong.